Jumat, 26 Juli 2013

Kumpulan Gurit Dermayon Puisi Basa Indramayu-Cerbon dening : Nurochman Sudibyo YS. Kiser Pesisiran

Kumpulan Gurit Dermayon Puisi Basa Indramayu-Cerbon dening : Nurochman Sudibyo YS Kiser Pesisiran
Dipunterbitaken dening Medium Sastra & Budaya Indonesia 2013 Kiser Pesisiran Gurit Dermayon dening : Nurochman Sudibyo YS Nurochman Sudibyo YS. Babad Lemah Pesisir Soré sing tuniba seambane pesisir pantura wernané langit biru kecampur saga kembang pandhan alas, mesem nyawang wulan kemayu tangane ngawé-awé ngajak gemuyu apa iya kien kih dedalané layang ati nira sing jare bakal ditulis kalané meneng déwékan lan sendhang sing kathon amba mung kealing-alingan gendhéla sing mbuka awit wéngi iki sun masih nerima padahal bengén reang apal jejogedanira natkalané bingung ndedher sagegem gurit ning lemah suwung sapinggiré taman ora mung pada mbalangi lirih karo nyambi ngindari sadar yen waktu kang kewingkis ning sekabeh arepan nutupi abané tetanduran sing pada ngembang kien babad lemah pasir pesisir ndheleng wit cemara kelara-lara ngandakna arume mawar samentawis rasaning dhadha lan ati wis mesasar. 2013 Nurochman Sudibyo YS. Sejagat Merat Banjir Bandang Klucuté awak sekujur kaya déné luwak katisen sapinggiré tritis pecinan. Kabéh tetanduran klucut kepengen ngisis ora kebacut. Gawé atis ning sajroné badan weteng moni kemruyuk langka sing kena den pangan apa kien tah kang diarani swarga nunut neraka katut dunya pada kenyut, kluargané kalut, mbesungut kaya curut pemrentaé mung manggut-manggut karo kepaksa nyurung jukung, katon ana ning tipi nulungi rakyat sing wetengé wis pada mlembung Jaré dudu kenang kaké’en mangan sega aking, dudu kewaregen nyruput angeté banyu bumbu campur godogan mié sing dibagi-bagi “Gelem busung, dudu sala’é kita dudu sala’é sira nok, kabéh memala kuh tekané sing kuwasa,” jare déwéké saben dina sira ngumbar omongan gedhé, nanging akeh bobadé prangsane beli weru tah, yen urip ira kaya lintah sewaktune garing pada gulang guling ning jero stana sekien kalane banjir bandang, ngolah pikir karo nabui kendang pating blusuk. mbesungut, manggut-manggut nggepeki jenggot Sira seneng pisan dolanan tembung kang adem, padahal rayaté durung pragat mingkem, dikongkon mésem, kapiasem slorok-slorokan ning sewaktune udan kaya wong édan bocah cilik dipakani ceplik, barang sepelik diotak atik kongkon simpatik alesané paceklik, padahal politik pitik walik buktine udan satitik baé, ning dermaga aspalé pada ngwalik, apa maning udan gedé dalane rusak, dadi jlugangan sing amba kepinggir kabéh watu pasiré dadi kerjaan tambahan alesané masih dadi tanggungjawabé sing dué kerjaan padahal kuenkuh saking pinteré sira ngarah duité negara Buktiné angger baé udan gedé saben dina ora bisa ditahan banjir ning endi-endi, banyu mata brebes mili, turun tangis sedina-dina beras larang, lawuan larang. Bumbu dapur kelindes ning sepur dilelipur, dudu watu dudu gunung, ketutup méga, indreng ira sing geseng udan gédé sedina-dina, rega lengané pada nanjak, listrik mbuh seringe mati luru duit kangélan, saben pojok bocah cilik jejeritan wong tuwa wis pegel ngolati dalan pangan, sampé akeh sing kepatén sekien sing an mung kalén mampet, kali-kali pada bengkah segara laut sing amba, ombake nampeki daratan, kabeh pada betataran Arep digawa mendi kaki-nini sing wis klelep bli ketulungan arep diungsikna mendi bocah enom-enom sing wis pada troma apamaning bocah bayi sing masih butuh disusoni Apa dongane? Supaya jembar atiné. Apa mulane? Aja pasrah baé Cukup tah sampé ning kéné tresna lan cintané sampéyan sementara kula mung bisa nggrentes, tetangisan sajroné udan barat ndeleng sedulur sing keplagrang, uripe mlarat pating jligrang kien kih memala dunya, senajan ora dirasa, sekuduné sih pada rumasa yen pancén sira ngaku sedulur sebangsa lan sanegara gage ora diberesi, aja sampé rakyat cuwakwakan siap bebarengan nggéréd sira supaya gage di konjara. 150113 Nurochman Sudibyo YS Ngrasakna Amisé Muara Amis muara ngabarna swara sing ngara-ara saketemuné wengi kelawan hawa atis sing nerjang sajroné badan ndeléng ambané kali loro kayaé tepung nyawiji dadi siji mulek banyuné dadi puserané ombak tumeka ning sapepojok jeblag jeblug abané iwak ning sajeroné kali. Kadang gawé ngeri rumangsa déwékan dolanan kenur ning gubug ranggon sapinggiré bengawan iki Ning genah sing singit kayang kénén ndadékna ati tepung karo muara apa kien tah kang diarani puseran gempol. Akeh tetanduran sing arang kesenggol. Akéh iwak gedhé sing kena di adol ning dina peré selalu baé kedeleng akéh uwong pating dlopong dekéné sapa ya sebeneré ademé banyu sing ijo royo-royo kien kih samentawis kula isin ndeleng kecopoké iwak ning sasoré sasak sing kadang jlenggorok walesan pucuké mlegkung kesolog berok tak wanéni ndodok menéng anteng kaya watu, ning soré jembatu karo mandeng wong-wong kang pada nggulungi senar toli mbalangaken maning, kaya déné ngakali sekliwar kliwere blanak karo medéni, tapi dipareki malah gampang ngilang sanjerone banyu ati rasa-rasané kaya geni sing mulad-mulad ning pawon mbakar ati lan pikiran sampé kaya wong mati ketuwon Gusti, satemené tak sabari nganti tekang ésuk jeput, sawisé ndongol anakan manuk bondol pada jengak-jenguk sewaktune kakap putih mulai pada ngelih, urang urip wis nggo dholanan kesurung ombak rincik gawé becik. Mbuh pelak, mbuh pelik, sun ora arep balik. Mung sing tak inget iwake pada nyolog, gawé seneng ning pikiran. Yén sampé kecokot nyangkol ning pancing sing tek rasa badan kenceng pikiran manleng, atiné seneng tak éling-éling wis entok anggoné mbebasaken pikiran mbedar ati sing merdéka, mbuka misteri ékonomi ngitungi pikolian sadawané kali, lan amis muara sing nggawa isun bebungah pikiran bli kira-kira bakalé sun balik nggondol pelik, sembilang, kakap putih larang regané aja melang, sun masih inget njaga séhat sajiwa ragané tega ning larané ora tega ning patiné. Mekaya sadina-dina tujuané mung siji, gawé bugah ning sing dadi kaluwargané. 2013 Nurochman Sudibyo YS. Ritual Si Kodok Dingdang Sun niati ngawujudaken apa kang dén jaluk déning sira si Kodok Dingdang wis lawas anggoné awak ira manggon ngadang-adang ana ning wit-witan arepan umah wis lawas sira tetangisan cecelukan, meneng jumeneng karo terus sesambat lewat impén rupanira ayu wujude wanodya putri domas pribasané. Arumawangi ngriab rambuté jejaluk saresmi maring isun sejatiné lanang isun ngarti yén sira sekien ora kaya bengén sejatiné lamun sira menungsa kang ayu kenangapa skien kelayu-layu, nyalahi kodrate menungsa urip kelandrat manjing dedalan maksiyat ora bisa balik mangidul ning umah majikannira kumpul antara roh lawan jasad asli tresnané uripé ngelayang-layang pating pencolot, manclat monclot kodok dingdang wujud kutukan. Slaman-slumun ora keduman supata lan janji nira Cuma lelamunan sira kepanjing bangsané siluman. Urip keplagrang balik wirang, akeh sing ngadang-ngadang digawa meneng anteng, digawé wong wani pada ndeleng sun manungsa sejati, sing nduwéni ati nurani mula wis aja kakéen tangis, ndepipis karo nggegiris atis bli kudu janji pan mbalik kasih marang isun tak niati bengi kien, bebarengan sabebaturan anggoné njangkepi apa kang dijaluk kepéngén bisa sirna sampurna mawujud dadi roh menungsa kang sejati ora mung gentayangan ngelayang layang kaya kemangmang kenang oyod mingmang. 10042013 Nurochman Sudibyo YS. Ngolati Bebek-Bebekan Endi bébék-bébékan kang taun wingi masing pating kloyor ning sanduwuré waduk? Sekien sedange malah nambah ceték dikeruki tukang garok ora entok-entok. Bocah jejukungan mubeng-mubeng ngudag-udag janji sampé sué durung bukti. Jaré sekién sira wis pada minggat karo mbongganaken sampéyan sing pada senengé sulaya Endi bapa tua kang jaré arep mluku ning sawah, ésuk-ésuk buktiné masih pada tetongkrongan wewédangan sapinggiré waduk nonggoni serabi kang pengené gagé diwolak-walik endi bocah cilik sing pada adus-adusan gelem dadi wadal setibané banyu udan kawitan, sing akéh mung bocah lanang-wadon ora nduweni isin petheng-petheng dolanan enjot-enjotan nggawé wangwa sedina-dina. Ora idep isin ning wong tuwa Bapane diumbar kon pada jejogédhan, mabok rangda bebarengan nginum dunyané Negara, sing dielér sétan krangra mboké dikongkon karokean, tetembangan karo tangané remedan dhikepi wong lanang liya jeh bangga, anak laki dadi korban ora éling tah bengén bébéké ngloyor dijor sampé ngalor disulap penguasa telaga sing kaya rasaksa dielingna malah ngrubah basa, ngrubah rasa senengé nyulap sampé rayate binasa. Kabéh pegawéan dirékadaya basane alus pating crucus. Luwih luwih sewaktuné sampeyan nyulap sapinggiré waduk dadi tumpukan watu gunung sira wis ora dué rasa rumangsa disangkané rayat ira bodo kabéh tah, gampang diperwasa aja monthor-nonthor, kaya dapur kurang kompor gage balékna bébék-bébékane kon pada ngloyor apa diaggepé rayat kih bisané mung molor aja sampé petheng pendelengan. Tangané rakyat bisa pating slosor rainira sue-sue kenang gebug pada jontor. 02022013 Nurochman Sudibyo YS Tembang Kiser Sepi Jaran Guyang :Balada Baridin-Suratminah Pragat brayan mangan ning kebonan, gegodongan pada murag nimbulaken walantara kebek embun. Sampé-sampé halimun kewiyak, srengéngé ora mandeg-mandeg nyerep pori-poriné bumi, geguris tapak kang lemes kéwés-kéwés. Karo lémbéyan mengulon, bocah wadon sing njogéd karo mlayu-mlayu ning seantarané désa-désa sing terus dijugjug. Tumindaké marani pucuk kang dhuwur, nututi dedalan lumut campur lumpur. Jejogédan, luluran, gegupak endhut, lemah kubangan. Kebonan panceran nira prawan ayu. Ning gubuk bleketépé campur tepes bluluk, sapinggiré galengan, suketé kraket ngoyak-oyak tresna kang wis dadi bantalan sepur, sapénan lemaé baé wis kegurat tilasané tapak kebo. Diweluku sedina-dina, ditawuri winih ketawur pupuk, laler lan tembelék kewan. Sun seneng bli kejagan ngrasakna mambu lemah sawahé sira. Ratminah prawan ayu. Ambuné bosokan anggas, uga kebulé dami sing gawé angker kebakar. Dadi siji karo sarah-serehé suwara nira, suling sing wewisik ngulik, abané ngliak-ngliuk ngeluk, gawé ngecér. Jujur baé sun ngiler. Kaya dené ani-ani sing ora mandeg-mandeg nyuled asmara tresna, ning lumbung sing wis kobar, manéni seambané kebonan katresnan. Pribasané pada baé nemokna bapak Damiri karo mbok Wangsih, nguculaken kesadarane dewék-dewék. Sampe Baridin lemes dedes ning petit ibadat sing mancléng. Geal-geol kawas-kéwés lemesé jejogedan nira pancen kaya dene gairah basa sing sepi. Krasa dioyok-oyok ambekan dhawa sing ora mandheg-mandheg tetembangan. Kepengén rasané gagé ngrubah nasib ira dadi semilyar cahya, supaya melu kemerlob kaya dené dalan-dalan kang wis dilayari karo tetawuran seléndang lan sepasang kembar mayang. Kembang mlati, tautané ati, dikebeki werna-werni sesaji sanubari. Wis, kudu baé tak pindoni mbuntel awak ira karo sejuta werna. Sedengé isun cuman gegubedan déwék ning kanvas jagat sing fana, karo terus muter-muter nggoleti sepiné ritual Ajian Kemat Jaran Guyang, ngusir amarah, sengit, dendam uga tresna. Minangkané udan cahya ning Jagapura, dupa wangén, kepul menyan lan lenga wangi kesturi mancér-mancér dadi kubur kembar kang ora bisa gampang ilang. 121112. Nurochman Sudibyo YS Mancing Kepiting Sun ngarti apa mulané sira dué kesenengan mancingi bandeng lan kepiting sing kono baé wis kedeleng yén sampeyan wateké gampang petangtang petingting apa baé sing kedeleng dicapit emong kecapit. Uripé medit kapicirit ning rayat sing mlarat katone sengit Aja petangtang petengteng kadiran lagi kuasa kader kita gan weruh duwé balong balongane sapa dué tambak tambaké sapa sing ditandur baé dekéné negara sira korupsi delengen ning saaté pasti dipretéli Sun melu mancing, mancing kepiting dudu krana awak isun lagi gering mikiri sampéyan kaya ndeleng pakean bli garing srengéngé bli cukup gawé ongkob ning awak urip ira wis slalu baé mblangsak Njegér kepiting nganggo welut tugelan pancing kawat ngarah kuwat kula sih mancing kepiting yén lagi kaberan aja watir kula jejaluk solawat. 2011 Nurochman Sudibyo YS Manuk Prenjak Cecruitan abané manuk prenjak karo jejogédan dedolanan pucuké tandhuran cemara ning pinggir segara awak isun den urugi pasir teles awit srengéngé tuniba nyoroti bumi pating srédét krasa ning awak kaya dén sétrum lan dislumudi pirang-pirang dom listrik Gumebyaré ombak tetawur unthuk mbanjur tumekane wathuk sakujur awak isun kebek pasir lan kebilas sariné ombak sun tetep mancléng mandhengi manuk prenjak sing pada surak dheleng lewané badan sing lagi tetapa badan disangkané bathang wong mati kesarad Kula kih dudu lagi dholanan gegawéan setana pasir sun lagi njalanaken seratané bapa tuwa sing tak temukna sewaktuné maca kitab betarjemur adamakna ning kono ana kertas coklat tua kang dén tulisi tembung jawa sapa baé sing kétekan mala; mati separo, asem urat, diabétes uga penyakit sing ngrasuk sanjeroné awak kaya dénéhipertensi, hépatitis lan HIV bisa diikhtiari kelawan mendhem sekujur awak ding kisik segara dedhonga karo maca Serat Manuk Prenjak; "niat isun mendem separone awak, ning kisik segara amba dudhu lagi gogo iwak, dudu leluruh kijing utawa kepiting sing dipalar jejaluk ridhoné gusti kang Maha Kuwasa asal isun saka lemah, dhatan lemah balik marang siti yén kudu tekaning pati, sun nerima pasrah pati jaluk urip sekabéh kersané gusti, manuk prenjak mabur meng sasak badan séhat énak ning awak, kranten donga sing janten ampun...ampun...ampun...nyuwun dipangapunten" 2011 Nurochman Sudibyo YS Ngitung Awan Njumlah Soré Ngitung awan rasané kaya digawa mabur meng langit. Sréngéngé nggeréd ayang-ayang ira alon, nanging soré kuen tak coba jumlah soré sing anteng. masih ana mésémé ning saben obrolan lan tresna asih iku dudu transaksi adol pinuku macemé kaliyang kalimudapa né ati Ngitung awan rasané kaya awu ning seantarané panas sing nyerang gegodhongan angas-angasen dipangan kepengénan ngénes dirayu apa sing dipéngéni. getun saben teka ngadepaken dinasabtu, seminggu méngké né kaya sowékan catetan sing nggawé sira ngenes. Padahal wis langka kraguan atawa kang bakal mbangkitna teka siji ngitung awan kebayang amuk lan rasa kwatir sing diramu syahwat uga tresna sing ambles ning gelas susu panas rasa coklat lan segelas és kopi ning gorokan sing sepi. Lamun dienengna baé patingsliwer, mulané kaya déné ngélingna awal mula ketemu ora ana ucap sepakat sing kudu dipragatna atawa mulai ngingkari apa sing dén anyang Ngitung awan wis bli sekuduné nggunakna takeran kasih lan sayang, apamaning yén dibandingna karo landesan spatu nira kaya déné kendaraan sing pecah ning kuping sing mbuncah. Kan wis dicritakna balon-balon ngungkap syukur sing saben tekané kasih sayang iku cukup nggo sira sing ora nitipna éesémés lan alamat cindek disindet tresna lan sindetan dosa-dosa sing ora gampang diilangna Nghitung awan njumlah soré kaya nrima tresna sajroné ampunan kabéh dusta uga kabéh impénan sing burak krana ora mampu njaga kaya mongmong bayi, kwatir saben ésuk tumekaning awan jéjéritan térror uga informasi sing ngagétaken prasaan kita kayadéné swara bom atawa bledogan sing disuled ning dina riaya, nyiptakna pirang-pirang juta térror lan rasa kwatir sing getir. Agustus Syawal 2011. Nurochman Sudibyo YS Gemrosok Gegodongan Saben mbuka lawang ning wayah ésuk, saben dina uga sun nyakséni gegodhongan murag sing tandhuran gedhé ngawé adem panggonan nira. Nanging sekabéh gegodhonan garing kuen kuh ngusik glisah, bakal tekané pristiwa lan pristiwa sing teka lan lunga sewaktuné sun ndadékna siji karo urip ira. Gegodongan garing werna coklat lan kekuning kuningan iku jejogédhan, ning antarane hawa atis sing ora nyimpen dangan dinginé kepéngénané ati. gemrosok ning plataranira sing ngayah-ayah nyimpen tetanduran kembang; kamboja jepang, suruh gading, ilat mertua, sancivéra uga ombak katresnan lan kemuning sing lara. sebab driji nira arang ngelus lan ngurusi. karo siraman teduh atawa cukilan anget sing bisa ngolah lemahé sing langka pupuké. Padahal wis pirang-pirang gegodongan sig gemrisik ning plataran kesapu meng sisi tembok pager tresna nira. Umah ira pancén mung bisa dadi swarga ngo tangga sing pada demen ning woh rambutan, lan sawo kecik. ora ngrasakna sun sing saben dinané ngusir godong garingé uga gemrisik lamuna nira uga sapa sing kebek misteri. Saben tak buka lawang ning waktu ésuk sing seger tak gepeki sapu sada lan nggiring sira marani panasé geni bakaran. sawisé ngumpulaken gemerisiké plataran umah lan stana nira sing klawu. Ning kéné wis bli tak temoni maning kilat cahya ning jogan, endahé mutiara ning pengadusan atawa kameré sing dikebeki geguritan uga gambar smasané mau jejeritan nuntut welas asih, cemburu uga rasa kwatir. Sun dudu arep nyirnakna pemanis utawa asesoris sing dipajang nggo nyuled saben runtah sing gemrisik ngumpul nyemproti awune nggo terus dikepang dadi pupuk ning seantarané kembang-kembang sing dipajang dadi mahkota tresna. Agustus 2011. Nurochman Sudibyo YS Mangan Tengah Wengi Yén wis bosen ndeleng panganan karo pasakan sing dadi menu piwulang, gagé bangkit lan raupa karo banyu suci dibarengi donga-donga sedurungé nerusaken tetapa sukiki awan. Rasakna baé panganan bengi kien, sebab kabéh panganan kien kih bli susah dimamah sajroneng ati, krana saben hadiah sing ditibakna Gusti Allah nganggo dhalan tangan-tangan sing tengadah, kien kih mangrupa anugrah tresnané menungsa sing karepé nyoba-nyoba, nimbang-nimbang sewaktuné tumeka lara lan sehaté. Mengkonon uga nikmaté mangan syahur wengi kien dudu mung sekedar ibadat sing dironcé kayadéné tasbéh waktuné donga-donga diaburaken Oh, Syaur wengi, sekien dudhu mung ngulang-ulang dina ning taun mau. Sewaktuné kita bebarengan ngrayakna tunibané waktu sing cuman teka ujug-ujug. Utawa marani tujuan sing nyiksa batin ngganggo ngraba sepira adoé kasih sayang sing lagi ditimbang-timbangaken nganggo marani wujud pangabdi lan sembahyang kula sing timbul lan bakal klelep. Krana saben mangan wengi uga syahur sing diiket bakal dadi perjuangan nggo marani cita-cita sawisé gagal nyirnakna dosa-dosa sing ora bisa luput déning tekané hisab lan pétungan amal kebagusan Yén bosen karo panganan sing di siapna bengi kién, mulané gagé dipikirna kelawan ati sing tenang. Wis sepira akéhé dedalan sing diliwatii atawa sing wis mampu kelawan beline memori kula nyateti pahala sing angél. nyatané bisa didiskusikna dingin sajrone mickrofon atawa spiker sing meneng ning jagat sing sepi. Senajana gusti Allah weruh bli kudu jerat-jerit piyambeké ngarti kabeh iku satuhuné mung setitik diwerui dening kula. Padahal saben dina nikmaté wis dirasakna lan kasih sayangé. O, Syaur nikmat lan pahalané iku satuhuné puasa wewanén ya nahan atawa nguji jiwa nggo sing sering ngingkari karuniaNé. Agustus 2011. Nurochman Sudibyo YS Pangapura Bapak Ya Roomy Pangapura, ya Roomy, yén bapa nira bli bisa njait sarung ira sing sowék, sedengé ramadhan durung pragat lan mungkin ora ana pragaté, séjéné karo ngungkap dzikir. Apamaning klambi koko lan kopyah sing bengen tak tukuknang wis bli kamot maning ning awak ira. Sendal jepit sing biasa dinggo sira wis ping pirang-pirang manjing metu jaitan kayané sampe tekang tibané riaya bli bakal ana klambi anyar nganggo sira. Sebabé bapanira kih masih jumeneng ning negeri sing kelem, bisa baé mélu klelep. Cuman donga sing bisa nylametna bapak. Mulané bengén saben arep mbuka, bisa ngirim és dawegan nganggo sira wong telu. Utawa tak kirim uga kilonan iwak seger persénan sing batur sing along mekaya seminggu ning laut. Bisa nambah protéin uga nambah rajin belajar maknani urip uga kefanaan sing diotak-atik déning laku lampahé déwék sing kudu disadari minangka serat catetan sejarah sing ana regané Pangapura, ya Roomy. Yén bapa nira bli bisa ngajak sira milih clana lan klambi, kopyah anyar lan sajadah ning dina riaya, krana bapak masih durung pragat mragatna sisa dedalan sing seméstine diliwati sajroné itungan dina, tanggal, wulan lan taun. Nanging saben sembahyang bapak ngemu donga nganggo bahagia urip ira, sebabé saben larikan donga tek yakini akéh pisan arepan kesimpen lan diyakini uga bakal dadi lawang seneng, kabeh kepengénan bisa kewujud kanggo apa kang dén arani rumasa wedi lan disumbadani déning sengkarut wengi sadurungé bapak direnggut syakratul maut. Agustus 2011. Nurochman Sudibyo YS Grimis Ning Alas Tiris Natkala kemutan sampéyan ning sewaktuné bebarengan nyawangi balong amba ning sajroné alas tiris kang nggawé ati sun rasa keiris-iris. Duh, sekien mung dadi kenangan sing manis. Kélingan sedawané ngliwati dedalan ritual sing ora gampang diilangna. Kala semono dirasakna sumliwiré angin muara gawé bagja, lan kathon pasir lembut kegésér pindah genah nggawé ati kula gegundah. Dadi gurit éndah sing némpél ning koran-koran tangan alusé nekuk-nekuk ndadekna prau kertas, dikentiraken meloni tampekan angin. Sampé tekan bengi padangé wulan mai werna ning saduwuré méga Sampé ning dina séjen tak baléni nyapa lembute pasir segara nira, duh alas tiris sun keguris ning waktu kang bli tamtu dhadékna watu. Krana sun kudu pisah, gawé akéh crita mendemi rasa nggo terus nulisi gegodhongan. Karo geguritan, sendang lan watu-watu pada mlayu, nanging kisik ira malah nyuarakna crita kang séjen. Dikafanaken mati lan uripé trésna, sing wis ngliwati akéh kesalahan, uga wernané banyu muara kang saiki buthek letrek, mai tanda wis landhepé bumi kaya dhéné watu karang utawa grimis ning alas tiris sing nyisakna tangis lan banyu mata Manisé udan grimis ning alas Tiris, kaya déne crita tragis ilangé larik tembung geguritan sing melu jejogédhan ning pucuke tanduran mangrouf. Kabéh ukara pada mlayu marani kota-kota negeriné wong melayu sing sekien luwih akéh mai dedhalan padhang lan ngakoni sekabéh potensi sing bengén dadi kebanggaané bangsa kula. Sun lara, krana tresna kula ning nuswantara digrogoti bendérané negarané tangga sebelah. 2011. Nurochman Sudibyo YS Ngudag-udag Maling Kolor Lagi apa maning sirakuh tor? anak rabi sampenan bareng sekantor jaré wedi mekaya ning wiilayah kekotor buktimé sampeyan malah milih dadi mandor tor-tor delengen anak ira sekien nambah gayor gara-gara kaké-en diempani klapa kopyor Kenapa kudu diberséni, samentara kabéh bli bersih jaré karo keluarga kudu silih asah silih asih buktiné sampéyan bli kelingan ning trima kasih delengen dikit klambi lan gena ira apa wis pada rapih nembe bisa nyawang lan neliti wong séjen baé ngelih dué watek kuh tulung gah, aja salah silih, sih Kita déwék bli ngaku wong sing kawéntar melu nggedékaken aran lan aturan aja sampé kesasar wong sing bener pasti angger wong sing blasar pasti kesasar, los delengen ning pasar senajan akéh sing pada nganggo klambi anyar bli kabéh bisa wernané kembar soalé bagén pada gambaré, atine sih bisa nyasar bagén jare gemar, ning waktuné pasti bisa ngalih kamar Wis gah tor, aja lokat ngarani wong karap korup tor bagén ngudag-udag sampé rai pada jontor mbuh seringé melu protés sampé ketotor barang weruh déwéké sing gawé kotor dijamin akhiré sampéyan sing di dor wis gah tor aja lok gawa-gawa kompor éling belih pernah seawak-awak gepor urip glasar-glosor kepéngén terus dadi mandor barang kelaksanan, bli kelingan rakyat sing ning sor . 2010/2011 Nurochman Sudibyo YS Ngenténi Gagé Mérad Sepuluh taun dicekoki virus kuasanira sampénan klalén maknani sapa sebeneré sira soalé bengén sih akéh wong weruh sepira modalé sekien sira sugih banda sugih harta dunyané turun pitu pengén nguasai jagat, ya bisa sebab sejatiné sira kuh turunan raséksa Buta ijo, buta terong. Dué rabi due bojo ayu ...éh masih angger sering-seringé sérong wayang buta lawan gatot kaca, kuwayang ning mata, rabinira, platat plotot bli bisa maca wacanen kahanan désa sing pada bli karuan rayaté akéh sing pada kaliren. Susah pari, sudah beras lara ati bli waras-waras Delengen sekien akeh dermaga pada pating brenjul kurang watu, ngirit aspal dalané rusak pating blangsak marani meng pedesaan, meng sekolah lan madrasah gurune nggresah. Kelangan honor sing ketunda gedong sekolaé bocor, temboké pada ambrol wis bli pantes nggo nyitak bocah dadi pinter Pandengen sing titen,tor, bocah lanang, bocah wadon ngrasa tah rayat ira wis pada mangan sekolahan , buktiné sekien wis bli gelem pada reréwang. Menggawé ning sawah. Pengéné gagé pada dué umah méwah. rayaté kaliyang kaliyeng karo dedonga ngenténi sampéyan gagé mérad marani genah sing ngiras pantes dén turoni patok kembar iku genaé sira tot..tor.. wong sing kesohor dadhi tukang nyupatani. 2010/2011 Nurochman Sudibyo YS Telungpuluh loro dina Telung puluh loro dina wis tek waca mendi karepé sira arep digawa mendi désa nira, kita kuh wis weruh dudu kenang kita sekien anggota masyarakat pangaweruh mung kebeneran lagi akeh wong sing lagi; larah-luruh jujur baé kita gén butuh. Dadi wis telung puluh loro dina kita puasa wis telung puluh loro dina kita mbayangaken sejaraé wong bengén wis telung puluh loro dina kita butuh yatra pokoké kabéh wis nyata. Kari dirékayasa pasti sapa baé gén nerima Kuh wis tak gambaraken sapa sebeneré bapa tua nira olih telung puluh loro dina kula kabéh dedonga lan puasa ya embuh bener mbuh belia sandangané bapa tua jéh kaya pemuda jaman kien, kaosé mreketet awake kaya wong golangan, alias fitnes senajan ati ngretes aja pada ngenes, sebabe bapa tua nembe kewaca ning kula sawisé olih telung puluh loro dina Didongani uga digambari, dipepajang ning tembok negara. 2010 / 2011 Nurochman Sudibyo YS Waduk Bojong Ning genah sing angker kayang kénén ana tlaga kang diarani waduk bojong. Ndeleng akeh uwong dekené sapa ademé banyu sing bersih lan ngangeni samentara sun isin ndeleng kecopok iwak sing kadang jrenggonok kaya iwak arepan nyolog tak wanéni ndodok meneng anteng kaya watu karo mandeng wong-wong sing pada slorokan ning water boom kaya déné mandeng rakséksa sing medéni kaya geni mulad-mulad mbakar ati wis kesarad Semestiné sira teka ning wayah esuk, sawisé ayam jago kukuluruk sewaktuné iwak-iwak dolanan pucukeng lung kangkung kesurung ombak rincik cilik-cilik, gawé ati becik ingeta aja sampé ngganggu kahanan éndah sing ana sebab yén dampe kepancing bakal mateni cacing ingeta kien kih wilayah suci sing sekuduné bebas merdéka Sebabé buyut awit bengén durung pernah nétési getih abang apamaning iwak-iwak sing pada ngerumpul sapinggiréng waduk mulai klalén ning wayah ésuk. sing diumbar mung suwara tanpa rupa karo tetembangan tangis perih batin sing nemoni isin. Kadang ngundag-undang manuk sing pating sliwer wuluné gondrong ndengak sombong sepisan pindo nyawang tumekaning bokong kaya manuk dara sing kelara-lara, kaya kepudang sing diadang-adang kaya jalak sing pating kréak, kaya emprit sing pating jlérit wis tekang endi mbangun tlaga atawa waduk bojong, karo wong-wong negesaken keayeman rasa bebarengan, ana ning genah sing adoh, padahal parek karo kota lan segara. Dolanan banyu mata nambah kekaca. 2010/2011

Kumpulan Gurit Dermayon Puisi Basa Indramayu-Cerbon dening : Nurochman Sudibyo YS Kiser Pesisiran Dipunterbitaken dening Medium Sastra & Budaya Indonesia 2013 Kiser Pesisiran Gurit Dermayon dening : Nurochman Sudibyo YS Nurochman Sudibyo YS. Babad Lemah Pesisir Soré sing tuniba seambane pesisir pantura wernané langit biru kecampur saga kembang pandhan alas, mesem nyawang wulan kemayu tangane ngawé-awé ngajak gemuyu apa iya kien kih dedalané layang ati nira sing jare bakal ditulis kalané meneng déwékan lan sendhang sing kathon amba mung kealing-alingan gendhéla sing mbuka awit wéngi iki sun masih nerima padahal bengén reang apal jejogedanira natkalané bingung ndedher sagegem gurit ning lemah suwung sapinggiré taman ora mung pada mbalangi lirih karo nyambi ngindari sadar yen waktu kang kewingkis ning sekabeh arepan nutupi abané tetanduran sing pada ngembang kien babad lemah pasir pesisir ndheleng wit cemara kelara-lara ngandakna arume mawar samentawis rasaning dhadha lan ati wis mesasar. 2013 Nurochman Sudibyo YS. Sejagat Merat Banjir Bandang Klucuté awak sekujur kaya déné luwak katisen sapinggiré tritis pecinan. Kabéh tetanduran klucut kepengen ngisis ora kebacut. Gawé atis ning sajroné badan weteng moni kemruyuk langka sing kena den pangan apa kien tah kang diarani swarga nunut neraka katut dunya pada kenyut, kluargané kalut, mbesungut kaya curut pemrentaé mung manggut-manggut karo kepaksa nyurung jukung, katon ana ning tipi nulungi rakyat sing wetengé wis pada mlembung Jaré dudu kenang kaké’en mangan sega aking, dudu kewaregen nyruput angeté banyu bumbu campur godogan mié sing dibagi-bagi “Gelem busung, dudu sala’é kita dudu sala’é sira nok, kabéh memala kuh tekané sing kuwasa,” jare déwéké saben dina sira ngumbar omongan gedhé, nanging akeh bobadé prangsane beli weru tah, yen urip ira kaya lintah sewaktune garing pada gulang guling ning jero stana sekien kalane banjir bandang, ngolah pikir karo nabui kendang pating blusuk. mbesungut, manggut-manggut nggepeki jenggot Sira seneng pisan dolanan tembung kang adem, padahal rayaté durung pragat mingkem, dikongkon mésem, kapiasem slorok-slorokan ning sewaktune udan kaya wong édan bocah cilik dipakani ceplik, barang sepelik diotak atik kongkon simpatik alesané paceklik, padahal politik pitik walik buktine udan satitik baé, ning dermaga aspalé pada ngwalik, apa maning udan gedé dalane rusak, dadi jlugangan sing amba kepinggir kabéh watu pasiré dadi kerjaan tambahan alesané masih dadi tanggungjawabé sing dué kerjaan padahal kuenkuh saking pinteré sira ngarah duité negara Buktiné angger baé udan gedé saben dina ora bisa ditahan banjir ning endi-endi, banyu mata brebes mili, turun tangis sedina-dina beras larang, lawuan larang. Bumbu dapur kelindes ning sepur dilelipur, dudu watu dudu gunung, ketutup méga, indreng ira sing geseng udan gédé sedina-dina, rega lengané pada nanjak, listrik mbuh seringe mati luru duit kangélan, saben pojok bocah cilik jejeritan wong tuwa wis pegel ngolati dalan pangan, sampé akeh sing kepatén sekien sing an mung kalén mampet, kali-kali pada bengkah segara laut sing amba, ombake nampeki daratan, kabeh pada betataran Arep digawa mendi kaki-nini sing wis klelep bli ketulungan arep diungsikna mendi bocah enom-enom sing wis pada troma apamaning bocah bayi sing masih butuh disusoni Apa dongane? Supaya jembar atiné. Apa mulane? Aja pasrah baé Cukup tah sampé ning kéné tresna lan cintané sampéyan sementara kula mung bisa nggrentes, tetangisan sajroné udan barat ndeleng sedulur sing keplagrang, uripe mlarat pating jligrang kien kih memala dunya, senajan ora dirasa, sekuduné sih pada rumasa yen pancén sira ngaku sedulur sebangsa lan sanegara gage ora diberesi, aja sampé rakyat cuwakwakan siap bebarengan nggéréd sira supaya gage di konjara. 150113 Nurochman Sudibyo YS Ngrasakna Amisé Muara Amis muara ngabarna swara sing ngara-ara saketemuné wengi kelawan hawa atis sing nerjang sajroné badan ndeléng ambané kali loro kayaé tepung nyawiji dadi siji mulek banyuné dadi puserané ombak tumeka ning sapepojok jeblag jeblug abané iwak ning sajeroné kali. Kadang gawé ngeri rumangsa déwékan dolanan kenur ning gubug ranggon sapinggiré bengawan iki Ning genah sing singit kayang kénén ndadékna ati tepung karo muara apa kien tah kang diarani puseran gempol. Akeh tetanduran sing arang kesenggol. Akéh iwak gedhé sing kena di adol ning dina peré selalu baé kedeleng akéh uwong pating dlopong dekéné sapa ya sebeneré ademé banyu sing ijo royo-royo kien kih samentawis kula isin ndeleng kecopoké iwak ning sasoré sasak sing kadang jlenggorok walesan pucuké mlegkung kesolog berok tak wanéni ndodok menéng anteng kaya watu, ning soré jembatu karo mandeng wong-wong kang pada nggulungi senar toli mbalangaken maning, kaya déné ngakali sekliwar kliwere blanak karo medéni, tapi dipareki malah gampang ngilang sanjerone banyu ati rasa-rasané kaya geni sing mulad-mulad ning pawon mbakar ati lan pikiran sampé kaya wong mati ketuwon Gusti, satemené tak sabari nganti tekang ésuk jeput, sawisé ndongol anakan manuk bondol pada jengak-jenguk sewaktune kakap putih mulai pada ngelih, urang urip wis nggo dholanan kesurung ombak rincik gawé becik. Mbuh pelak, mbuh pelik, sun ora arep balik. Mung sing tak inget iwake pada nyolog, gawé seneng ning pikiran. Yén sampé kecokot nyangkol ning pancing sing tek rasa badan kenceng pikiran manleng, atiné seneng tak éling-éling wis entok anggoné mbebasaken pikiran mbedar ati sing merdéka, mbuka misteri ékonomi ngitungi pikolian sadawané kali, lan amis muara sing nggawa isun bebungah pikiran bli kira-kira bakalé sun balik nggondol pelik, sembilang, kakap putih larang regané aja melang, sun masih inget njaga séhat sajiwa ragané tega ning larané ora tega ning patiné. Mekaya sadina-dina tujuané mung siji, gawé bugah ning sing dadi kaluwargané. 2013 Nurochman Sudibyo YS. Ritual Si Kodok Dingdang Sun niati ngawujudaken apa kang dén jaluk déning sira si Kodok Dingdang wis lawas anggoné awak ira manggon ngadang-adang ana ning wit-witan arepan umah wis lawas sira tetangisan cecelukan, meneng jumeneng karo terus sesambat lewat impén rupanira ayu wujude wanodya putri domas pribasané. Arumawangi ngriab rambuté jejaluk saresmi maring isun sejatiné lanang isun ngarti yén sira sekien ora kaya bengén sejatiné lamun sira menungsa kang ayu kenangapa skien kelayu-layu, nyalahi kodrate menungsa urip kelandrat manjing dedalan maksiyat ora bisa balik mangidul ning umah majikannira kumpul antara roh lawan jasad asli tresnané uripé ngelayang-layang pating pencolot, manclat monclot kodok dingdang wujud kutukan. Slaman-slumun ora keduman supata lan janji nira Cuma lelamunan sira kepanjing bangsané siluman. Urip keplagrang balik wirang, akeh sing ngadang-ngadang digawa meneng anteng, digawé wong wani pada ndeleng sun manungsa sejati, sing nduwéni ati nurani mula wis aja kakéen tangis, ndepipis karo nggegiris atis bli kudu janji pan mbalik kasih marang isun tak niati bengi kien, bebarengan sabebaturan anggoné njangkepi apa kang dijaluk kepéngén bisa sirna sampurna mawujud dadi roh menungsa kang sejati ora mung gentayangan ngelayang layang kaya kemangmang kenang oyod mingmang. 10042013 Nurochman Sudibyo YS. Ngolati Bebek-Bebekan Endi bébék-bébékan kang taun wingi masing pating kloyor ning sanduwuré waduk? Sekien sedange malah nambah ceték dikeruki tukang garok ora entok-entok. Bocah jejukungan mubeng-mubeng ngudag-udag janji sampé sué durung bukti. Jaré sekién sira wis pada minggat karo mbongganaken sampéyan sing pada senengé sulaya Endi bapa tua kang jaré arep mluku ning sawah, ésuk-ésuk buktiné masih pada tetongkrongan wewédangan sapinggiré waduk nonggoni serabi kang pengené gagé diwolak-walik endi bocah cilik sing pada adus-adusan gelem dadi wadal setibané banyu udan kawitan, sing akéh mung bocah lanang-wadon ora nduweni isin petheng-petheng dolanan enjot-enjotan nggawé wangwa sedina-dina. Ora idep isin ning wong tuwa Bapane diumbar kon pada jejogédhan, mabok rangda bebarengan nginum dunyané Negara, sing dielér sétan krangra mboké dikongkon karokean, tetembangan karo tangané remedan dhikepi wong lanang liya jeh bangga, anak laki dadi korban ora éling tah bengén bébéké ngloyor dijor sampé ngalor disulap penguasa telaga sing kaya rasaksa dielingna malah ngrubah basa, ngrubah rasa senengé nyulap sampé rayate binasa. Kabéh pegawéan dirékadaya basane alus pating crucus. Luwih luwih sewaktuné sampeyan nyulap sapinggiré waduk dadi tumpukan watu gunung sira wis ora dué rasa rumangsa disangkané rayat ira bodo kabéh tah, gampang diperwasa aja monthor-nonthor, kaya dapur kurang kompor gage balékna bébék-bébékane kon pada ngloyor apa diaggepé rayat kih bisané mung molor aja sampé petheng pendelengan. Tangané rakyat bisa pating slosor rainira sue-sue kenang gebug pada jontor. 02022013 Nurochman Sudibyo YS Tembang Kiser Sepi Jaran Guyang :Balada Baridin-Suratminah Pragat brayan mangan ning kebonan, gegodongan pada murag nimbulaken walantara kebek embun. Sampé-sampé halimun kewiyak, srengéngé ora mandeg-mandeg nyerep pori-poriné bumi, geguris tapak kang lemes kéwés-kéwés. Karo lémbéyan mengulon, bocah wadon sing njogéd karo mlayu-mlayu ning seantarané désa-désa sing terus dijugjug. Tumindaké marani pucuk kang dhuwur, nututi dedalan lumut campur lumpur. Jejogédan, luluran, gegupak endhut, lemah kubangan. Kebonan panceran nira prawan ayu. Ning gubuk bleketépé campur tepes bluluk, sapinggiré galengan, suketé kraket ngoyak-oyak tresna kang wis dadi bantalan sepur, sapénan lemaé baé wis kegurat tilasané tapak kebo. Diweluku sedina-dina, ditawuri winih ketawur pupuk, laler lan tembelék kewan. Sun seneng bli kejagan ngrasakna mambu lemah sawahé sira. Ratminah prawan ayu. Ambuné bosokan anggas, uga kebulé dami sing gawé angker kebakar. Dadi siji karo sarah-serehé suwara nira, suling sing wewisik ngulik, abané ngliak-ngliuk ngeluk, gawé ngecér. Jujur baé sun ngiler. Kaya dené ani-ani sing ora mandeg-mandeg nyuled asmara tresna, ning lumbung sing wis kobar, manéni seambané kebonan katresnan. Pribasané pada baé nemokna bapak Damiri karo mbok Wangsih, nguculaken kesadarane dewék-dewék. Sampe Baridin lemes dedes ning petit ibadat sing mancléng. Geal-geol kawas-kéwés lemesé jejogedan nira pancen kaya dene gairah basa sing sepi. Krasa dioyok-oyok ambekan dhawa sing ora mandheg-mandheg tetembangan. Kepengén rasané gagé ngrubah nasib ira dadi semilyar cahya, supaya melu kemerlob kaya dené dalan-dalan kang wis dilayari karo tetawuran seléndang lan sepasang kembar mayang. Kembang mlati, tautané ati, dikebeki werna-werni sesaji sanubari. Wis, kudu baé tak pindoni mbuntel awak ira karo sejuta werna. Sedengé isun cuman gegubedan déwék ning kanvas jagat sing fana, karo terus muter-muter nggoleti sepiné ritual Ajian Kemat Jaran Guyang, ngusir amarah, sengit, dendam uga tresna. Minangkané udan cahya ning Jagapura, dupa wangén, kepul menyan lan lenga wangi kesturi mancér-mancér dadi kubur kembar kang ora bisa gampang ilang. 121112. Nurochman Sudibyo YS Mancing Kepiting Sun ngarti apa mulané sira dué kesenengan mancingi bandeng lan kepiting sing kono baé wis kedeleng yén sampeyan wateké gampang petangtang petingting apa baé sing kedeleng dicapit emong kecapit. Uripé medit kapicirit ning rayat sing mlarat katone sengit Aja petangtang petengteng kadiran lagi kuasa kader kita gan weruh duwé balong balongane sapa dué tambak tambaké sapa sing ditandur baé dekéné negara sira korupsi delengen ning saaté pasti dipretéli Sun melu mancing, mancing kepiting dudu krana awak isun lagi gering mikiri sampéyan kaya ndeleng pakean bli garing srengéngé bli cukup gawé ongkob ning awak urip ira wis slalu baé mblangsak Njegér kepiting nganggo welut tugelan pancing kawat ngarah kuwat kula sih mancing kepiting yén lagi kaberan aja watir kula jejaluk solawat. 2011 Nurochman Sudibyo YS Manuk Prenjak Cecruitan abané manuk prenjak karo jejogédan dedolanan pucuké tandhuran cemara ning pinggir segara awak isun den urugi pasir teles awit srengéngé tuniba nyoroti bumi pating srédét krasa ning awak kaya dén sétrum lan dislumudi pirang-pirang dom listrik Gumebyaré ombak tetawur unthuk mbanjur tumekane wathuk sakujur awak isun kebek pasir lan kebilas sariné ombak sun tetep mancléng mandhengi manuk prenjak sing pada surak dheleng lewané badan sing lagi tetapa badan disangkané bathang wong mati kesarad Kula kih dudu lagi dholanan gegawéan setana pasir sun lagi njalanaken seratané bapa tuwa sing tak temukna sewaktuné maca kitab betarjemur adamakna ning kono ana kertas coklat tua kang dén tulisi tembung jawa sapa baé sing kétekan mala; mati separo, asem urat, diabétes uga penyakit sing ngrasuk sanjeroné awak kaya dénéhipertensi, hépatitis lan HIV bisa diikhtiari kelawan mendhem sekujur awak ding kisik segara dedhonga karo maca Serat Manuk Prenjak; "niat isun mendem separone awak, ning kisik segara amba dudhu lagi gogo iwak, dudu leluruh kijing utawa kepiting sing dipalar jejaluk ridhoné gusti kang Maha Kuwasa asal isun saka lemah, dhatan lemah balik marang siti yén kudu tekaning pati, sun nerima pasrah pati jaluk urip sekabéh kersané gusti, manuk prenjak mabur meng sasak badan séhat énak ning awak, kranten donga sing janten ampun...ampun...ampun...nyuwun dipangapunten" 2011 Nurochman Sudibyo YS Ngitung Awan Njumlah Soré Ngitung awan rasané kaya digawa mabur meng langit. Sréngéngé nggeréd ayang-ayang ira alon, nanging soré kuen tak coba jumlah soré sing anteng. masih ana mésémé ning saben obrolan lan tresna asih iku dudu transaksi adol pinuku macemé kaliyang kalimudapa né ati Ngitung awan rasané kaya awu ning seantarané panas sing nyerang gegodhongan angas-angasen dipangan kepengénan ngénes dirayu apa sing dipéngéni. getun saben teka ngadepaken dinasabtu, seminggu méngké né kaya sowékan catetan sing nggawé sira ngenes. Padahal wis langka kraguan atawa kang bakal mbangkitna teka siji ngitung awan kebayang amuk lan rasa kwatir sing diramu syahwat uga tresna sing ambles ning gelas susu panas rasa coklat lan segelas és kopi ning gorokan sing sepi. Lamun dienengna baé patingsliwer, mulané kaya déné ngélingna awal mula ketemu ora ana ucap sepakat sing kudu dipragatna atawa mulai ngingkari apa sing dén anyang Ngitung awan wis bli sekuduné nggunakna takeran kasih lan sayang, apamaning yén dibandingna karo landesan spatu nira kaya déné kendaraan sing pecah ning kuping sing mbuncah. Kan wis dicritakna balon-balon ngungkap syukur sing saben tekané kasih sayang iku cukup nggo sira sing ora nitipna éesémés lan alamat cindek disindet tresna lan sindetan dosa-dosa sing ora gampang diilangna Nghitung awan njumlah soré kaya nrima tresna sajroné ampunan kabéh dusta uga kabéh impénan sing burak krana ora mampu njaga kaya mongmong bayi, kwatir saben ésuk tumekaning awan jéjéritan térror uga informasi sing ngagétaken prasaan kita kayadéné swara bom atawa bledogan sing disuled ning dina riaya, nyiptakna pirang-pirang juta térror lan rasa kwatir sing getir. Agustus Syawal 2011. Nurochman Sudibyo YS Gemrosok Gegodongan Saben mbuka lawang ning wayah ésuk, saben dina uga sun nyakséni gegodhongan murag sing tandhuran gedhé ngawé adem panggonan nira. Nanging sekabéh gegodhonan garing kuen kuh ngusik glisah, bakal tekané pristiwa lan pristiwa sing teka lan lunga sewaktuné sun ndadékna siji karo urip ira. Gegodongan garing werna coklat lan kekuning kuningan iku jejogédhan, ning antarane hawa atis sing ora nyimpen dangan dinginé kepéngénané ati. gemrosok ning plataranira sing ngayah-ayah nyimpen tetanduran kembang; kamboja jepang, suruh gading, ilat mertua, sancivéra uga ombak katresnan lan kemuning sing lara. sebab driji nira arang ngelus lan ngurusi. karo siraman teduh atawa cukilan anget sing bisa ngolah lemahé sing langka pupuké. Padahal wis pirang-pirang gegodongan sig gemrisik ning plataran kesapu meng sisi tembok pager tresna nira. Umah ira pancén mung bisa dadi swarga ngo tangga sing pada demen ning woh rambutan, lan sawo kecik. ora ngrasakna sun sing saben dinané ngusir godong garingé uga gemrisik lamuna nira uga sapa sing kebek misteri. Saben tak buka lawang ning waktu ésuk sing seger tak gepeki sapu sada lan nggiring sira marani panasé geni bakaran. sawisé ngumpulaken gemerisiké plataran umah lan stana nira sing klawu. Ning kéné wis bli tak temoni maning kilat cahya ning jogan, endahé mutiara ning pengadusan atawa kameré sing dikebeki geguritan uga gambar smasané mau jejeritan nuntut welas asih, cemburu uga rasa kwatir. Sun dudu arep nyirnakna pemanis utawa asesoris sing dipajang nggo nyuled saben runtah sing gemrisik ngumpul nyemproti awune nggo terus dikepang dadi pupuk ning seantarané kembang-kembang sing dipajang dadi mahkota tresna. Agustus 2011. Nurochman Sudibyo YS Mangan Tengah Wengi Yén wis bosen ndeleng panganan karo pasakan sing dadi menu piwulang, gagé bangkit lan raupa karo banyu suci dibarengi donga-donga sedurungé nerusaken tetapa sukiki awan. Rasakna baé panganan bengi kien, sebab kabéh panganan kien kih bli susah dimamah sajroneng ati, krana saben hadiah sing ditibakna Gusti Allah nganggo dhalan tangan-tangan sing tengadah, kien kih mangrupa anugrah tresnané menungsa sing karepé nyoba-nyoba, nimbang-nimbang sewaktuné tumeka lara lan sehaté. Mengkonon uga nikmaté mangan syahur wengi kien dudu mung sekedar ibadat sing dironcé kayadéné tasbéh waktuné donga-donga diaburaken Oh, Syaur wengi, sekien dudhu mung ngulang-ulang dina ning taun mau. Sewaktuné kita bebarengan ngrayakna tunibané waktu sing cuman teka ujug-ujug. Utawa marani tujuan sing nyiksa batin ngganggo ngraba sepira adoé kasih sayang sing lagi ditimbang-timbangaken nganggo marani wujud pangabdi lan sembahyang kula sing timbul lan bakal klelep. Krana saben mangan wengi uga syahur sing diiket bakal dadi perjuangan nggo marani cita-cita sawisé gagal nyirnakna dosa-dosa sing ora bisa luput déning tekané hisab lan pétungan amal kebagusan Yén bosen karo panganan sing di siapna bengi kién, mulané gagé dipikirna kelawan ati sing tenang. Wis sepira akéhé dedalan sing diliwatii atawa sing wis mampu kelawan beline memori kula nyateti pahala sing angél. nyatané bisa didiskusikna dingin sajrone mickrofon atawa spiker sing meneng ning jagat sing sepi. Senajana gusti Allah weruh bli kudu jerat-jerit piyambeké ngarti kabeh iku satuhuné mung setitik diwerui dening kula. Padahal saben dina nikmaté wis dirasakna lan kasih sayangé. O, Syaur nikmat lan pahalané iku satuhuné puasa wewanén ya nahan atawa nguji jiwa nggo sing sering ngingkari karuniaNé. Agustus 2011. Nurochman Sudibyo YS Pangapura Bapak Ya Roomy Pangapura, ya Roomy, yén bapa nira bli bisa njait sarung ira sing sowék, sedengé ramadhan durung pragat lan mungkin ora ana pragaté, séjéné karo ngungkap dzikir. Apamaning klambi koko lan kopyah sing bengen tak tukuknang wis bli kamot maning ning awak ira. Sendal jepit sing biasa dinggo sira wis ping pirang-pirang manjing metu jaitan kayané sampe tekang tibané riaya bli bakal ana klambi anyar nganggo sira. Sebabé bapanira kih masih jumeneng ning negeri sing kelem, bisa baé mélu klelep. Cuman donga sing bisa nylametna bapak. Mulané bengén saben arep mbuka, bisa ngirim és dawegan nganggo sira wong telu. Utawa tak kirim uga kilonan iwak seger persénan sing batur sing along mekaya seminggu ning laut. Bisa nambah protéin uga nambah rajin belajar maknani urip uga kefanaan sing diotak-atik déning laku lampahé déwék sing kudu disadari minangka serat catetan sejarah sing ana regané Pangapura, ya Roomy. Yén bapa nira bli bisa ngajak sira milih clana lan klambi, kopyah anyar lan sajadah ning dina riaya, krana bapak masih durung pragat mragatna sisa dedalan sing seméstine diliwati sajroné itungan dina, tanggal, wulan lan taun. Nanging saben sembahyang bapak ngemu donga nganggo bahagia urip ira, sebabé saben larikan donga tek yakini akéh pisan arepan kesimpen lan diyakini uga bakal dadi lawang seneng, kabeh kepengénan bisa kewujud kanggo apa kang dén arani rumasa wedi lan disumbadani déning sengkarut wengi sadurungé bapak direnggut syakratul maut. Agustus 2011. Nurochman Sudibyo YS Grimis Ning Alas Tiris Natkala kemutan sampéyan ning sewaktuné bebarengan nyawangi balong amba ning sajroné alas tiris kang nggawé ati sun rasa keiris-iris. Duh, sekien mung dadi kenangan sing manis. Kélingan sedawané ngliwati dedalan ritual sing ora gampang diilangna. Kala semono dirasakna sumliwiré angin muara gawé bagja, lan kathon pasir lembut kegésér pindah genah nggawé ati kula gegundah. Dadi gurit éndah sing némpél ning koran-koran tangan alusé nekuk-nekuk ndadekna prau kertas, dikentiraken meloni tampekan angin. Sampé tekan bengi padangé wulan mai werna ning saduwuré méga Sampé ning dina séjen tak baléni nyapa lembute pasir segara nira, duh alas tiris sun keguris ning waktu kang bli tamtu dhadékna watu. Krana sun kudu pisah, gawé akéh crita mendemi rasa nggo terus nulisi gegodhongan. Karo geguritan, sendang lan watu-watu pada mlayu, nanging kisik ira malah nyuarakna crita kang séjen. Dikafanaken mati lan uripé trésna, sing wis ngliwati akéh kesalahan, uga wernané banyu muara kang saiki buthek letrek, mai tanda wis landhepé bumi kaya dhéné watu karang utawa grimis ning alas tiris sing nyisakna tangis lan banyu mata Manisé udan grimis ning alas Tiris, kaya déne crita tragis ilangé larik tembung geguritan sing melu jejogédhan ning pucuke tanduran mangrouf. Kabéh ukara pada mlayu marani kota-kota negeriné wong melayu sing sekien luwih akéh mai dedhalan padhang lan ngakoni sekabéh potensi sing bengén dadi kebanggaané bangsa kula. Sun lara, krana tresna kula ning nuswantara digrogoti bendérané negarané tangga sebelah. 2011. Nurochman Sudibyo YS Ngudag-udag Maling Kolor Lagi apa maning sirakuh tor? anak rabi sampenan bareng sekantor jaré wedi mekaya ning wiilayah kekotor buktimé sampeyan malah milih dadi mandor tor-tor delengen anak ira sekien nambah gayor gara-gara kaké-en diempani klapa kopyor Kenapa kudu diberséni, samentara kabéh bli bersih jaré karo keluarga kudu silih asah silih asih buktiné sampéyan bli kelingan ning trima kasih delengen dikit klambi lan gena ira apa wis pada rapih nembe bisa nyawang lan neliti wong séjen baé ngelih dué watek kuh tulung gah, aja salah silih, sih Kita déwék bli ngaku wong sing kawéntar melu nggedékaken aran lan aturan aja sampé kesasar wong sing bener pasti angger wong sing blasar pasti kesasar, los delengen ning pasar senajan akéh sing pada nganggo klambi anyar bli kabéh bisa wernané kembar soalé bagén pada gambaré, atine sih bisa nyasar bagén jare gemar, ning waktuné pasti bisa ngalih kamar Wis gah tor, aja lokat ngarani wong karap korup tor bagén ngudag-udag sampé rai pada jontor mbuh seringé melu protés sampé ketotor barang weruh déwéké sing gawé kotor dijamin akhiré sampéyan sing di dor wis gah tor aja lok gawa-gawa kompor éling belih pernah seawak-awak gepor urip glasar-glosor kepéngén terus dadi mandor barang kelaksanan, bli kelingan rakyat sing ning sor . 2010/2011 Nurochman Sudibyo YS Ngenténi Gagé Mérad Sepuluh taun dicekoki virus kuasanira sampénan klalén maknani sapa sebeneré sira soalé bengén sih akéh wong weruh sepira modalé sekien sira sugih banda sugih harta dunyané turun pitu pengén nguasai jagat, ya bisa sebab sejatiné sira kuh turunan raséksa Buta ijo, buta terong. Dué rabi due bojo ayu ...éh masih angger sering-seringé sérong wayang buta lawan gatot kaca, kuwayang ning mata, rabinira, platat plotot bli bisa maca wacanen kahanan désa sing pada bli karuan rayaté akéh sing pada kaliren. Susah pari, sudah beras lara ati bli waras-waras Delengen sekien akeh dermaga pada pating brenjul kurang watu, ngirit aspal dalané rusak pating blangsak marani meng pedesaan, meng sekolah lan madrasah gurune nggresah. Kelangan honor sing ketunda gedong sekolaé bocor, temboké pada ambrol wis bli pantes nggo nyitak bocah dadi pinter Pandengen sing titen,tor, bocah lanang, bocah wadon ngrasa tah rayat ira wis pada mangan sekolahan , buktiné sekien wis bli gelem pada reréwang. Menggawé ning sawah. Pengéné gagé pada dué umah méwah. rayaté kaliyang kaliyeng karo dedonga ngenténi sampéyan gagé mérad marani genah sing ngiras pantes dén turoni patok kembar iku genaé sira tot..tor.. wong sing kesohor dadhi tukang nyupatani. 2010/2011 Nurochman Sudibyo YS Telungpuluh loro dina Telung puluh loro dina wis tek waca mendi karepé sira arep digawa mendi désa nira, kita kuh wis weruh dudu kenang kita sekien anggota masyarakat pangaweruh mung kebeneran lagi akeh wong sing lagi; larah-luruh jujur baé kita gén butuh. Dadi wis telung puluh loro dina kita puasa wis telung puluh loro dina kita mbayangaken sejaraé wong bengén wis telung puluh loro dina kita butuh yatra pokoké kabéh wis nyata. Kari dirékayasa pasti sapa baé gén nerima Kuh wis tak gambaraken sapa sebeneré bapa tua nira olih telung puluh loro dina kula kabéh dedonga lan puasa ya embuh bener mbuh belia sandangané bapa tua jéh kaya pemuda jaman kien, kaosé mreketet awake kaya wong golangan, alias fitnes senajan ati ngretes aja pada ngenes, sebabe bapa tua nembe kewaca ning kula sawisé olih telung puluh loro dina Didongani uga digambari, dipepajang ning tembok negara. 2010 / 2011 Nurochman Sudibyo YS Waduk Bojong Ning genah sing angker kayang kénén ana tlaga kang diarani waduk bojong. Ndeleng akeh uwong dekené sapa ademé banyu sing bersih lan ngangeni samentara sun isin ndeleng kecopok iwak sing kadang jrenggonok kaya iwak arepan nyolog tak wanéni ndodok meneng anteng kaya watu karo mandeng wong-wong sing pada slorokan ning water boom kaya déné mandeng rakséksa sing medéni kaya geni mulad-mulad mbakar ati wis kesarad Semestiné sira teka ning wayah esuk, sawisé ayam jago kukuluruk sewaktuné iwak-iwak dolanan pucukeng lung kangkung kesurung ombak rincik cilik-cilik, gawé ati becik ingeta aja sampé ngganggu kahanan éndah sing ana sebab yén dampe kepancing bakal mateni cacing ingeta kien kih wilayah suci sing sekuduné bebas merdéka Sebabé buyut awit bengén durung pernah nétési getih abang apamaning iwak-iwak sing pada ngerumpul sapinggiréng waduk mulai klalén ning wayah ésuk. sing diumbar mung suwara tanpa rupa karo tetembangan tangis perih batin sing nemoni isin. Kadang ngundag-undang manuk sing pating sliwer wuluné gondrong ndengak sombong sepisan pindo nyawang tumekaning bokong kaya manuk dara sing kelara-lara, kaya kepudang sing diadang-adang kaya jalak sing pating kréak, kaya emprit sing pating jlérit wis tekang endi mbangun tlaga atawa waduk bojong, karo wong-wong negesaken keayeman rasa bebarengan, ana ning genah sing adoh, padahal parek karo kota lan segara. Dolanan banyu mata nambah kekaca. 2010/2011